Apik-alane teges jeneng manut itung-itungan Jawa (neptu)didhasarake marang urut-urutane aksara Jawa (ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga). Saben aksara dianggep duwe nilai sing beda.
Ha, da, pa, ma nilaine 1
Na, ta, dha, ga nilaine 2
Ca, sa, ja, ba nilaine 3
Ra, wa, ya, tha nilaine 4
Ka, la, nya, nga nilaine 5
Angka-angka mau sabanjure kanggo ngitung saben suku kata. Jeneng Susanto upamane, pangetunge : Su(sa=3) + san(sa=3) + to(ta=2). Yen digunggung nilai totale 8. Nilai total iki dienggo paugeran ngitung apik-alane makna jeneng kanthi dicocogake unsure “Sri”, “Lungguh”, “Gendhong”, “Lara”, “Pati”. Saben unsure mau uga darbe nilai dhewe. Sri(siji), Lungguh(loro), Gendhong(telu), Lara(papat), Pati(lima). Lamun nilai totale jeneng luwih saka 5 pangetunge mbalik maneh saka siji. Jeneng Susanto sing duwe nilai total 8 anggone ngitung wiwit saka siji (Sri), loro(Lungguh), telu(Gendhong), papat(lara), lima(pati), enem(Sri), pitu(Lungguh), wolu(Gendhong). Dadi jeneng Susanto tibane pas ing unsure Gendhong. Mengkono sateruse.
Unsur-unsur mau dipercaya duwe sifat lan watak dhewe-dhewe. “Sri” darbe watak kabagyan, kemakmuran, kabegjan, mulya lan sukses jroning nindakake pegaweyan. “Lungguh” lan “Gendhong” watake becik lamun kanggo nyekel kalungguhan(jabatan) lan perekonomian(dhuwit) klebu lumayan. Nanging ing sisih liya, unsure iki juga ana kekurangane. Upamane sering padudon karo bojo. “Lara” watake kerep kena lelara, apes lan sering gagal. Dene “Pati” watake ora umur dawa.
Panjenengan kari ngitung wae asma panjenengan dhewe njur coba dicocogake. Nek tiba “Sri”, “Lungguh”, “Gendhong” sajake ngalamat becik. Nanging yen tiba “Lara” utawa “Pati” ya …….
Sumber : Panjebar Semangat No. 32 – 7 Agustus 1999 hal 32
Case Name : Yudi Hardi Susilo= Yu(ya=4) + di(da=1) + Har(ha=1) + di(da=1) + Su(sa=3) + si(sa=3) + lo(la=5)
= 4+1+1+1+3+3+5 =18=(5×3)+ 3 = GENDHONG(3)

Facebook … yup ! Situs pertemanan yang satu ini memang luar biasa. Rasanya sudah hampir setahun aku mengisi dan bereksplorasi di dalamnya. Selama ini aku sangat enjoy dengan fitur-fitur dan aplikasi yang ada. Selama ini juga aku menganggap bahwa facebook adalah sesuatu hal yang positif karena bisa merekatkan teman-teman yang jauh, yang lama tidak bertemu dalam ikatan silaturahmi walaupun sekadar melalui tulisan ataupun ngobrol via chat dan email. Namun semua itu masih bernuansa positif dan membangun kerangka silaturahmi yang baik.